SEMARANG, CUWITWARTA.com – Jurusan Basa Jawa Unnes gelar pagelaran wayang kulit ing Hari Wayang Nasional. Pagelaran wayang kulit kang kalaksanan dina Akad, 10 Nopember 2019 ing Lab. Karawitan ruwang Ki Narto Sabdo gedhung B8 FBS Unnes nganggo lakon Wisanggeni Gugat. Dhalange uga saka mahasiswa Jurusan Basa Jawa dhewe, yaiku Sindhu Linguistika Manumanasa, mahasiswa Jurusan Basa Jawa semester 3 lan Yulio Kusuma Putra, mahasiswa Jurusan Basa Jawa semester 5.
A’isyiyah Kusumastuti, minangka ketua panitiya pagelaran wayang Jurusan Basa Jawa kang lakone Wisanggeni Gugat, jlentrehake yen pagelaran wayang iki kanggo mengeti dina Wayang Nasional, kang angka loro yaiku kanggo mbudidaya wayang kulit minangka warisan para leluhur.
Sing ndeleng pagelaran wayang kulit ing Lab. Karawitan ruwang Ki Narto Sabdo gedhung B8 kagolong akeh, wiwit saka dhosen, mahasiswa nganti para pandhemen budaya saka jaba kampus Universitas Negeri Semarang.